Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Syair Kagem Poro Konco Sedulur Sedoyo

Niki kulo tulis Syair Kagem Poro Konco Sedulur Sedoyo, inkang intine ngingetno poro sedulur sedoyo supados urip iki kudu di ati ati. ampun ngantos dawah melebet nerokone gustine Allah.... naudzubillah...

Monggo dipun hayati syair al fakir ini;


Ya Allah gusti kulo memuji

Marang Allah kang moho suci

Katah konco kang podo lali

Marang Allah kang mung siji


Poro konco kulo sedoyo

Jaler istri enom lan tuwo

Mumpung isih ing alam donyo

Marang Allah podo elingo


Allah iku Ono Tanpo panggenan

Allah iku ono tanpo arah

Allah iku ono tanpo rupo opo-opo 

Allah iku ora iso dipikirno


Allah Ono sakderenge Makhluk

Allah Ono ora podo Makhluk

Allah iku Ora butuh Makhluk

Awake dewe sing butuh Allah


Elingo yen ono timbalan

Ora keno nganggo wakilan

Timbalane kang moho kuwoso

Gelem ora bakale lungo


Disalini mori putih

Yen wes budal ora biso mulih

Tumpakane kreto bandoso

Lan rodane poro menungso


Jujukane omah guwo

Tanpo bantal tanpo kloso

Omahe ora ono lawange

Turu dewe ra ono kancane


Diurugi lemah anjang

Yen diurug disiram kembang

Tonggo konco podo nyawang

Karo nangis koyo tembang 


dipun serat dining al faqir Nurul M.

Posting Komentar untuk "Syair Kagem Poro Konco Sedulur Sedoyo"