Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Khutbah Jumat Ingkang adu adu meniko naminipun hoax

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Saking nginggil mimbar meniko khatib paring wasiat dumateng kito sedoyo, utaminipun dateng badan khatib piyambak, sumonggo tansah ningkataken kualitas keimanan lan ketaqwaan kita dateng ngarso dalem Alloh subhanahu wa ta’ala kanti nindaaken sedoyo kuwajiban len nebihi saking sedoyo ingkang dipun haromaken.

Kaum Muslimin rahimakumullah,

Estunipun nikmat ipun gusti Alloh ingkang dipun paringaken dateng kito meniko kathah sanget. Kito mboten saged ngitung setunggal setunggalipun. Kito sedoyo meniko kagunganipun Gusti Alloh lan sedoyo nikmat ingkang dipun paringaken dateng kito meniko sedoyo kagunganipun gusti Alloh. 

Gusti Alloh perintah dateng kito supados kito nyukuri nikmat-nikmat ipun. Kados pundi caranipun? Inggih meniko kanti gunaaken nikmat meniko ingdalem perkawis ingkang dipun parengaken deneng Alloh tegesipun nikmat meniko mboten dipun ginaaken kadamel nglampahi doso lan maksiat dateng Alloh.

Bondo meniko nikmat saking gusti Alloh, pramilo sampun ngantos kito gunaaken ingdalem perkawis ingkang ingkang mboten dipun parengaken kaliyan gusti Alloh. Awak kito meniko ugi nikmat saking Alloh, sampun ngantos kito damel maksiat dateng gusti Alloh. Tangan meniko ugi nikmat saking gusti Alloh, pramilo sampun ngantos kito damel nglampahi perkawis ingkang mboten dipun ridloi deneng gusti Alloh. Sikil meniko nikmat saking gusti Alloh pramilo sampun ngantos kito damel nglampahi perkawis ingkang dipun sengiti deneng gusti Alloh.

Mripat meniko ugi nikmat saking gusti Alloh pramilo sampun ngantos kadamel mirsani perkawis ingkang dipun larang gusti Alloh. Kuping ugi nikmat saking Alloh sampun ngantos kadamel mirengaken perkawis ingkang dipun haromaken. Lisan meniko ugi salah setunggalipun nikmat saking gusti Alloh pramilo sampun ngantos dipun damel ngucap perkawis ingkang dipun haromaken.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Lisan meniko salah setunggalipun nikmat ingkang agung sanget. Kanti paring nikmat arupi lisan gusti Alloh mulyaaken dateng manungso lan paring anugrah ingkang agung sanget. Wonten al quran, gusti Alloh nyebutaken nikmat ipun lisan nalikanipun nyebat pinten-pinten nikmat ingkang kaparingaken dateng kawulanipun. Gusti Alloh ngendiko: 

Artosipun: opotoh ingsun ora ndadeaken kanggo manungso rupo mripat loro, lisan lan lambe loro?” (QS al-Balad: 8-9)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Salah setunggalipun bentuk syukur atas nikmat lisan inggih meniko nebihi saking nyampeaken lan nyebar berita ingkang goroh utawi asring dipun wastani hoaks.

Wonten ing zaman “medsos” kados ngaten meniko, kito mboten namung dipun tuntut supados njagi lisan kemawon. Ananging kito ugi dpun tuntut supados njagi driji-driji kito. Kranten ingkang dipun tulis meniko sejatosipun sami kaliyan ingkang kito ucapaken. Imam ghozali dawuh wonten kitab IHYA` ULUMIDDIN:

“Sak temene pen (tulisan) iku salah sijine lisan loro”

Mboten jarang kito panggihi, demi dipun wastani pihak pertama ingkang nyampeaken Khobar, kito kanthi ringan mbagi khabar tanpo dipun cek rumiyin kabeneranipun. Berita meniko sanget cepetipun menyebar saking grup WA dateng grup WA lintunipun. Bahkan sering menyebar ngantos pinten pinten media social (medsos) Puluhan bahkan saged ugi ribuan tiyang kanti cepet nampi khabar kolowau. Menawi ingkang dipun sebar meniko khabar ingkang leres tentunipun mboten dados menopo. Ananging bade ndadosaken masalah menawi ingkang dipun sebar meniko khabar ingkang bohong (goroh) lan malah saged ndadosaken fitnah lan adu domba. Akibat ipun saged fatal.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Informasi ingkang kito sampeaken, menawi meniko kagolong hoaks, mongko mboten namung bade njrumusaken dateng dosonipun goroh, ananging saged ugi njerumusaken dateng doso lintunipun, antawisipun inggih meniko namimah (mengadu domba) Poro Ulama ngartosaken goroh kanti pangertosan “nyampeaken ucapan ingkang benten kaliyan kenyataan padahal piyambakipun mangertosi bilih ucapan kolowau pancen benten kaliyan kenyataan”. Goroh (ngapusi) meniko saged kagolong doso alit, doso ageng bahkan saged ugi ndadosaken kekufuran. Menawi goroh meniko mboten mengandung bahaya kagem umat muslim mongko meniko kalebet doso alit. Sinahoso mekaten doso alit mboten kenging dipun anggep remeh. Kranten naminipun Gedung pencakar langit meniko hakekatipun namung tumpuan boto-boto alit. Imam Ahmad lan ath thabaroni ngriwayataken bilih rosululloh shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendiko:

Artosipun: “ wediho siro kabeh (dohono) doso doso cilik, sak temene paribasane doso cilik iku koyo dene kumpulane wong-wong kang temurun ingdalem lembah. Banjur salah siji gowo kayu bakar, lan sijine maneh gowo kayu bakar lan koyo mangkono sak teruse hinggo wongwong mau ngumpulake kayu bakar kang cukup kanggo masak roti kanggo deweke. Sejatine doso cilik iku menowo sing nglakoni di sikso krono doso iku, mongko doso-doso mau bakal ngrusak marang deweke.” (HR Ahmad dan ath-Thabarani)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Hadits saking kanjeng Nabi meniko njelasaken dateng kito bilih dosodoso alit menawi terus menerus  dilampahi bade nuntun dateng nglampahi doso ageng. Kathah sanget doso-doso alit ingkang dipun remehaken sahinggo terus dipun lampahi ngantos nggiring dateng doso ageng lan saged ugi nyeret dateng kekufuran. Pramilo saking meniko salah setunggalipun Ulama` ndawuhaken:

“penggawe-penggawe maksiat nuntun marang kekufuran koyo dene loro panas kang nuntun marang kematian." Dipun riwayataken Imam al baihaqi wonten kitab Syuabul Iman.

Wondene goroh ingkang mengandung bahaya tumrap tiyang Muslim mongko meniko kalebet doso ageng. Lan menawi ingdalem goroh kolo wau wonten unsur ngalalaken perkawis ingkang sampun dipun sepakati haromipun, lan saking golongan tiyang awam lan terpelajar ugi mangertosi haromipun, lan hal meniko sampun mboten samar malih, kados dene haromipun zina, anal seks lan nyolong, utawi ngaromaken perkawis ingkang sampun nyoto dipun halalaken, kados dene adol tinuku lan nikah, mongko goroh ingdalem bab meniko kalebet kekufuran. 
Naudzu billahi min dzalik.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Goroh meniko hukumipun harom, sami ugi kanthi tujuan guyon utawi mboten. Sami ugi dilampahi kanti tujuan tiyang guyu utawi mboten. Kanjeng Nabi ngendikaaken:
“ciloko banget wongkang ngucap marang sijine kaum nuli wong mau goroh supoyo deweke diguyu, ciloko banget, ciloko banget” (HR. Ahamad wonten kitab musnad ipun)

Kaum Muslimin rahimakumullah,

Wondene namimah (adu-adu) meniko nyampeaken ucapanipun tiyang dateng tiyang sanesipun kanti tujuan ngrusak hubungan kekalih ipun. Namimah kagolong doso ageng. Rosululloh shallallahu ‘alaihi wa sallam dawuh: 
Artosipun: “wongkang adu-adu ora bakal mlebu suwargo (barengbareng wongkang awal mlebu suwargo)”. (HR al-Bukhari)

Kaum Muslimin yang berbahagia,

Mekatenlah khutbah singkat meniko, mugi-mugi kito tansah pinaringan kekiyatan saking Alloh kagem njagi lisan kito. Sampun ngantos lisan kito dados sumber hoaks, penyebar fitnah lan adu domba, penyulut pertikaian lan memecah belah persatuan lan kestuan. Ingdalem zaman ingkang kebak fitnah meniko, ngatah-ngatahaken mendel (berdiam diri) kalebet sikap bijak ingkang saged kito lampahi. Kito tahan lisan lan driji supados mboten katah guneman lan tulisan komentar, supados kito dados tiyang ingkang slamet. Monggo kito amalaken hadits ipun rosululloh shallallahu ‘alaihi wa sallam:
Artosipun: “ sing sopo wonge meneng, mongko deweke slamet” (HR. at Tirmidzi)

Khutbah Ke2
Doa Khutbah
Bersambung

Posting Komentar untuk "Khutbah Jumat Ingkang adu adu meniko naminipun hoax"